GOOGLING..!

Jumat, 18 Mei 2012

Cerita Museum Tosan Aji


Museum Tosan Aji Purworejo, salah satu destinasi wisatawan di Kabupaten Purworejo, terletak di Jl. Mayjend Sutoyo 10, jalur searah dari arah selatan jelang Alun-alun di jantung kota ini. Bedug Pendowo, juga terletak di ruas jalan ini, tepat di sebelah kiri Alun-alun. Bedug Pendowo, hampir setiap saat bisa dikunjungi, karena bisa bersamaan dengan saat menunaikan ibadah di masjid. Sedangkan Museum Tosan Aji, buka bersamaan dengan jam kerja para petugasnya, alias tidak sepanjang hari.

Letak pada jalur searah ini, agaknya secara publikasi juga perlu disampaikan ke khalayak, khususnya calon pengunjung dan wisatawan. Bedug Pendowo yang lebih dikenal, tentu lebih prioritas untuk dikunjungi. Jalan melingkar kembali ke arah Museum Tosan Aji, terkadang menjadi tidak menarik, walau sebenarnya banyak benda purbakala di dalamnya yang bernilai baik dan adiluhung.
Ini cerita awal, tentang salah satu 'kendala' mengapa banyak wisatawan 'lupa' mampir ke Museum Tosan Aji Purworejo.
Sekarang, mari kita ikuti 'cerita' Jogja TV dalam bahasa Jawa, seperti tertayang di situsnya:

Purworejo, www.jogjatv.tv - Museum Tosan Aji Purworejo mujudaken museum kangge nyimpen maneka tosan aji. Sinaosa makaten ing tembenipun, museum punika boten namung badhe nyimpen koleksi tosan aji kemawon, nanging ugi maneka koleksi benda cagar budaya ingkang dipun panggihaken ing wewengkon Kabupaten purworejo. Samangke Museum Tosan Aji Purworejo sampun gadhah koleksi maneka jinis tosan aji saking maneka tlatah.
Tosan aji mujudaken salah satunggal uwohing budaya bangsa tilaranipun nenek moyang, ingkang ngantos samangke taksih dipun lestantunaken. Ingkang sinebat tosan aji inggih punika maneka jinis dedamel pusaka saking tosan, ingkang nampi papan mirunggan tumrapipun warga masyarakat. Tosan aji kasebat antawisipun wujud dhuwung (keris), waos (tumbak), sabet (pedhang), kudhi, menur lan sanes sanesipun. Miturut kapitadosanipun warga masyarakat kawuri, tosan aji gadhah daya linangkung ingkang saged mangaribawani dhateng ingkang gadhah utawi ingkang nyimpen.
Madegipun Museum Tosan Aji Purworejo dipun gagas dening Suparjo Rustam, Menteri Dalam Negeri nalika samanten, lan dipun kepyakaken rikala tanggal 13 April 1987 dening Gubernur Jawa Tengah, Ismail. Sakawit Museum Tosan Aji dumunung ing Kawedanan Kuthoarjo, lan ing tanggal 10 Juni taun 2001 dipun boyong dening Pemda Kabupaten Purworejo dhateng tilas gedhung Pengadilan Negeri jaman Walandi ing Jalan Mayjend Sutoyo Nomer 10.
Samangke Museum Tosan Aji sampun gadhah sawetawis koleksi tosan aji saking maneka tlatah, inggih ingkang wujud dhuwung, sabet, waos, kujang, cundrik, granggang lan sanes sanesipun, saking jaman Pajajaran lan Majapahit. Kejawi punika ugi dipun simpen sawetawis benda cagar budaya sanesipun, kadosta gangsa kina Kyai Cokronegoro, paringan dalem Sri Susuhunan Paku Buwono kaping VI dhateng Ki Cakranegara, Bupati Kapisan Purworejo. Ugi dipun simpen sawetawis prasasti, reca, lingga, yoni, pecahan barang, lumpang, guci, kampak, sela gong, gerabah, menhir lan fosil.
Salah satunggaling warga ingkang dhateng ing museum kasebat mratelakaken rumaos éram dhateng tilaranipun para leluhur kawuri, lan prayogi dipun lestantunaken.
Museum Tosan Aji samangke mujudaken papan pasinaon tumrap para pelajar, kangge nyinau sejarah tosan aji sarta barang barang kina sanesipun. [Pambudi Nugraha]
Museum Tosan Aji, dalam lingkungan internal sering disingkat dengan nama MTA saja. Singkat, sederhana, mengena! Sedikit demi sedikit, kata MTA mulai populer dan lebih luas dikenal khalayak. Menjadikan dekat jarak kesenjangan 'emosional' ke khalayak adalah langkah briliyan, tanpa seketika kudu mendatangkan secara fisik satu persatu.
Sedangkan pengadaan berbagai event di area lokasi MTA adalah langkah taktis dan strategis. Satu demi satu pengunjung berbagai event itu mulai mengenal MTA dan seisinya. Lantas, seberapa dalam Anda mengenal MTA? Bagaimana Anda bercerita tentang MTA?

text:djnn
pics:z104

Tidak ada komentar: